sinanding kerso mugo joyo
Feb 10 2010
Babling, event, relationship do'aku, komitmen, Tuhan 2 Comments
Kroso ning sajerone ati
arane ora tego karo kahanan
nanging kudu kaleksanan
gawe jalarane kanggo purih apike
Miwah mewah sarwo lumampah
awit soko rumeksane kerso
sing gak katurutan dening liyan
aku gak iso ngrumangsani
kirane kurang anggenku nganggit
umpomo jik enek waktu liyane
jik pengin aku noto broto
aku yo jik pengin sanding mulyo
lupute sekabehane ucap lan tumindak
umpamane jik diwenehi legowo
kirane wes gak enek kerso olo
ngirah pangapuramu sing tak purih
gawe tombo tego-ku sing perih
arep tak gawe punjering urip
pernahe koyo liyane sing sinanding urip
ugo kerso-o jumembar lilo-mu
rogo iki wes ora mandegani kersamu
ora krono wong liyo, tapi gawe apike sliramu.
-lelo lelo,….. ora kersaku gawe olo, ananging kerso-o legowo mugo lekas sanding mulyo-joyo -
regards,
tolahtoleh.com™





